popda 2018
Assalamualaikum wr.wb Saiki aku pan crita pengalamanku melu popda 2018 neng bulan Februari wingi, popda terakhir ing SMP. Popda tahun kiye, popda sing kudu bisa mbagi waktu sinau karo latihan nggo melu popda. Popda tahun kiye aku melune cuman lempar cakram. Sadurunge tanggal 21 Februari, bengi ne aku persiapan nggo mbesikine lomba. Esuke aku garo ibuku siap-siap sing umah jam 7 pan mangkat maring sekolah. Soale kumpul neng sekolah ndisit, padahal sekolahku perek nemen garo YOS SUDARSO, TEGAL. Sawise kumpul wis pada kumpul kabeh neng sekolah, maring GOR re mlaku bareng-bareng soale perek. Lomba ne mulai jam 8 esuk. Sawise anjog GOR aku garo kancaku sing liyane langsung pada pemanasan. Popda tahun kiye, sing melu lomba atletik neng YOS SUDARSO akeh nemen. Ca...