perkemahan massal 2017

        Ing tanggal 18-20 Oktober 2017 wingi, sekolahanku ngadakna perkemahan besar kelas 7-9 ing Yon Zipur, Slawi. Kegiyatan kemah diadakna sawise kelas 7-9 rampung UTS kanggo refreshing. Sadurunge kemah aku nyiapake perlengkapan pribadi antarane: klambi pramuka, obat pribadi , lan liya-liyanipun. Kemah tahun kiye aku seneng karna dadi DP.
   
      Mangkat maring BUMPER nganggo truk akeh nemen. Pas wis anjog ning kana aku langsung beres-beres nata barange dewek. Sawise kuwe, aku mbantu kelas 7 nggawe tenda, tapi cuaca ning kana ngger awan panase nemen. Sawise nggawe tenda, kelas 7 karo 8 acarane permainan besar ing lapangan. Kelas 9 ne ana kegiyatan karo tentara. Pas bengine, kelas 7 karo 8 ana kegiyatan sarasehan sampe jam 10 bengi.  Kelas 9 ne doa bareng karo guru agamane.

      Dine ke-2, esuke aku melu ndampingi kelas 9 outbond ing kana. Outbond ne mlaku adoh nemen nglewati sungai, sepatune pada teles kabeh. Sawise anjog ing tempat outbond. Pas outbond tentarane ngadakna permainan, angger kelompok sing kalah di clemoti lempung di campur banyu.

     Sawise outbond ne rampung  balik maring tenda. Tapi, ing perjalanan balik nglewati kali sing jero nemen. Bocah-bocah pada nglewati kali sing wis di pasangi tali dawa nemen sampai ujung kali endah bocah bocah pada bisa nglewati kali. Tapi walaupun wis di pasang tali, tentara ne pada mbantu bocah-bocah sing pada nyebrang kali. Sawise wis pada nyebrang kali langsung pada adus kabeh. 

    Sawise pada adus, pada istirahat karena wis pada kesel kabeh. Bengine pada persiapan nata-nata barange dewek kabeh, soale mbesiki esuke pan pada balik. Balike jam 9 esuk, yaaa nganggo truk maning. Pas wis anjog sekolah aku wis di jemput.



     

Komentar

Postingan populer dari blog ini

popda 2018

Tips Ngadepi UTS