popda 2018
Saiki aku pan crita pengalamanku melu popda 2018 neng bulan Februari wingi, popda terakhir ing SMP. Popda tahun kiye, popda sing kudu bisa mbagi waktu sinau karo latihan nggo melu popda. Popda tahun kiye aku melune cuman lempar cakram.
Sadurunge tanggal 21 Februari, bengi ne aku persiapan nggo mbesikine lomba. Esuke aku garo ibuku siap-siap sing umah jam 7 pan mangkat maring sekolah. Soale kumpul neng sekolah ndisit, padahal sekolahku perek nemen garo YOS SUDARSO, TEGAL.
Sawise kumpul wis pada kumpul kabeh neng sekolah, maring GOR re mlaku bareng-bareng soale perek. Lomba ne mulai jam 8 esuk. Sawise anjog GOR aku garo kancaku sing liyane langsung pada pemanasan.
Popda tahun kiye, sing melu lomba atletik neng YOS SUDARSO akeh nemen. Cabang lomba atletik akeh nemen antarane:
1. Lari 100,200,400,1500 meter.
4. Tolak Peluru
Popda tahun kiye atletik cabang lempar cakram tanggal 21 Februari pas neng sekolah lagi ana try out, dadine aku melu try out susulan 2 dina.
Popda tahun kiye, ora kaya tahun wingi. Soale popda tahun kiye mulai lombane awan gadine wis panas contohe lempar lembing mulaine jam 1 awan. Popda tahun kiye aku melu lempar cakram, sayange tahun kiye aku ora juara 1 maning soale ana kesalahan. Sakmono bae critaku ng kesempatan kiye....Sampe ketemu maning ya.... ng blog Dunia Berita....
Wassalamualaikum wr.wb.
Wassalamualaikum wr.wb.
Komentar
Posting Komentar