Euphoria Tahun Baru 2018
Kiye kan wis tahun baru 2018..... Neng kene... aku bakal nyritakna pengalaman tahun baru-an ku karo keluarga.
Sadurunge aku karo keluargaku ngrayakna tahun baru 2018, aku nyiapna jajan nggo dipangan pas bengine lagi ngrayakna malam tahun baru.
Tahun kiye, aku karo keluargaku ngrayakna tahun baru neng Alun-alun Kota Tegal wis ping 4 kiye. Sadurunge ngrayakna tahun baru neng Alun-alun Kota Tegal, aku karo keluargaku nyiapna jajan sing nggo digawa ngko.
Aku karo keluargaku mangkat sing umah jam 22.10 supaya dalane ora rame nemen. Jebule pas wis ng ndalan, dalane wis rame tapi tetep lancar. Sawise wis perek alun-alun ne aku karo keluargaku luruh tempat nggo parker. Tempat parkire wis pada sesek kabeh, tapi untunge aku olih tempat parkir sing esih lega.
Sawise kuwe, aku tuku terompet nggo ngrayakna tahun baru nan. Sadurunge malam tahun baru, neng lapangan ana peringatan Maulid Akbar Nabi Muhammad SAW., tapi aku nontone wis akhir-akhiran. Sing ngunjungi Maulid Akbar akeh nemen, sampe-sampe lapangane sesek nemen.
Beneran nemen bisa nonton Maulid Akbar karo ngrayakna tahun baru 2018. Sawise peringatan Maulid Akbar re rampung, langsung pada nyalakna kembang api. Kembang api ne apik nemen tapi selain apik, jumlah kembang api ne sing di nyalakna akeh nemen.
Nyalakna kembang api rampung sekitar jam 00. 20. Sawise perayaan tahun barune rampung, aku lan keluargaku langsung cepet-cepet balik sadurunge dalane sesek nemen. Aku balik anjok umah sekitar jam 00. 45. Anjok umah, aku lan keluargaku langsung siap-siap pan turu soale wis ngantuk nemen...
Semene bae crita tahun barunan aku lan keluarga neng tahun 2018..... Angger wis tahun baru, semoga dewek kabeh bias dadi manusia sing luwih apik daripada tahun-tahun sebelumnya dan terus nggawe kebaikan selama esih urip neng dunia.....Semoga dewek kabeh umur re dawa eben bisa ngrayakna tahun-tahun sing pan teka..... Amiiiiin ya robbal alamiiin.
Sadurunge aku karo keluargaku ngrayakna tahun baru 2018, aku nyiapna jajan nggo dipangan pas bengine lagi ngrayakna malam tahun baru.
Tahun kiye, aku karo keluargaku ngrayakna tahun baru neng Alun-alun Kota Tegal wis ping 4 kiye. Sadurunge ngrayakna tahun baru neng Alun-alun Kota Tegal, aku karo keluargaku nyiapna jajan sing nggo digawa ngko.
Sawise kuwe, aku tuku terompet nggo ngrayakna tahun baru nan. Sadurunge malam tahun baru, neng lapangan ana peringatan Maulid Akbar Nabi Muhammad SAW., tapi aku nontone wis akhir-akhiran. Sing ngunjungi Maulid Akbar akeh nemen, sampe-sampe lapangane sesek nemen.
Beneran nemen bisa nonton Maulid Akbar karo ngrayakna tahun baru 2018. Sawise peringatan Maulid Akbar re rampung, langsung pada nyalakna kembang api. Kembang api ne apik nemen tapi selain apik, jumlah kembang api ne sing di nyalakna akeh nemen.
Nyalakna kembang api rampung sekitar jam 00. 20. Sawise perayaan tahun barune rampung, aku lan keluargaku langsung cepet-cepet balik sadurunge dalane sesek nemen. Aku balik anjok umah sekitar jam 00. 45. Anjok umah, aku lan keluargaku langsung siap-siap pan turu soale wis ngantuk nemen...
Semene bae crita tahun barunan aku lan keluarga neng tahun 2018..... Angger wis tahun baru, semoga dewek kabeh bias dadi manusia sing luwih apik daripada tahun-tahun sebelumnya dan terus nggawe kebaikan selama esih urip neng dunia.....Semoga dewek kabeh umur re dawa eben bisa ngrayakna tahun-tahun sing pan teka..... Amiiiiin ya robbal alamiiin.
Komentar
Posting Komentar